Saben nyedaki wulan suci
Ramadhan, awake dewe mesti ndelok
fenomena sing serba religius ning ndi-ndi. Mulai seko pinggir2 dalan
sampek dunyo layar kaca, media jejaring sosial lan liya2ne.
Spanduk “Selamat Menunaikan
Ibadah Puasa” lan sejenise
pating kemleler ning pojok2e kota.
Ujuk2 kabeh wong omong
bab toleransi.
Para artis sing biasane gawe
bikini rok2an cekak ketok udele, moro2 gawe jilbab dowo. Acara-acara agama koyo Hikmah
Ramadhan, Kuliah subuh,
sinetron, lan musik-musik
religius dadi menu utama
gawe ngenteni sahur lan berbuka
puasa. Masjid2-yo ndadak
kebak jemaahe.
Ramene ibadah ngene iki sayange mung
rutinitas tahunan sing asale
soko kebiasaan lawas. Ning kono kene akeh dakwah agama, bahas Alquran
utowo Hadist, sing tujuane gawe memotivasi
umat Islam supoyo ngelakoni kebajikan koyo umume.
Nanging, sayange, sampek seprene opo sing ketok iki mung sandiwara tok.
Koyo dene ndelok dagelan
ketoprak humor sing balik asal ning peran asale
ndik kehidupan nyata sakwise
gawe sandiwara. Ramadhan iki kayake mung
kuali gede isi banyu gawe cuci tangan soko
akehe duso sosial. Omongan njaluk pangapuro
pating jelentreh ning ndi2 saben wayah nyedaki wulan poso.
Buktine, sakwise tangan iku
dianggep resik, urusane yo
dianggep wis tuntas. Terus dino2 sakwise Ramadhan, tangan2 iku mau
dicelupke ning lumpur maneh.
Majelis2 zikir mung rame diparani ing wayah wulan
Ramadhan. Yatim piatu mung
kebagian sego bungkus lan
undangan mangan bareng mung ning wulan Ramadhan tok.
Malah pejabat2 podo nyedaki
rakyate, alasane
“tarling” (tarawih keliling) lan
“safari Ramadhan” ning bulan Ramadhan
iki tok.
Sakwise iku, ojo arep2 maneh nyakseni acara-acara
keagamaan sing gawe rame
layar kacane awake dewe. Masjid2 sing kebak jamaah
mung tinggal kenangan.
Pejabat2 ujuk ujuk wis ora nyedaki
rakyate maneh
sakwise Ramadhan buyar.
Kedadean ngene iki nek ndelok maknane
Ramadhan, koyo2 ramene
ibadah Ramadhan ning
bangsa iki mung “Lipstik abang-abang lambe sing gampang luntur”.
Amal shalehe yo gampang ilang
sakwise wulan Ramadhan buyar.
Yo ora salah nek kelakuan ngene iki pantes diarani koyo main dagelan, lan dagelan iku
lakone wulan Ramadhan.
Kok iso ngunu yo?
Astagfirullahal adzim...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar